Anatomi Paru-paru

Paru-paru iku organ ing sistem ambegan (respirasi) langegandhèngan karo sistem paredaran getih (sirkulasi) vertebrata sing ambegan mawa udhara. Fungsiné yaiku ngijolaké oksigen saka udhara karo karbon dioksida saka getih. Prosèsé disebut "ambegan èksternal" utawa ambegan. Paru-paru uga nduwé fungsi nonrespirasi. Istilah kadhokteran sing gegandhèngan karo paru-paru asring diwiwiti pulmo-, saka tembung Latin pulmones kanggo paru-paru.

Paru-paru mamalia

Paru-paru mamalia tèksturé kaya spons lan katutup déning epitelium, saéngga permukaan totalé adoh luwih gedhé tinimbang permukaan njaba paru-paru iku dhéwé. Paru-paru menungsa iku conto tipikal paru-paru jinis iki.

Ambegan utamané diobahké déning otot diafragma ing ngisor. Yèn otot iki ngerut, ruang sing nampung paru-paru bakal saya amba, lan semono uga sawaliké. Balung rusuk uga bisa nambah amba lan ngerut sithik. Akibaté, udhara kaserot mlebu lan kesurung metu paru-paru liwat trakea lan tube bronkial utawa bronchi, sing cawang-cawang lan pucuké arupa alveoli, yaiku kanthong-kanthong cilik sing dikupengi kapilèr sing isiné getih. Ing kéné oksigen saka udhara ndhifusi ing getih, lan banjur digawa déning hemoglobin.

Getih ka-deoksigenisasi saka jantung tekan paru-paru liwat arteri paru-paru lan, sawisé dioksigenisasi, ngedhar manèh liwat vena paru-paru.

0 komentar:

Posting Komentar

Design by WPThemesExpert | Blogger Template by BlogTemplate4U